Rabu, 19 November 2008

PARIKAN

Desa Karangboyo akeh yuyune

Ana pendhapa akeh kancane

Yuyu watu nang njero kolah

Nganggo sepatu budhal sekolah

Njero kolah akeh banyune

Cah sekolah kudu sregep sinaune

Banyune diombe seger

Mbakayune pancen pinter

Ngulur bolah ngundha layangan

Jare sekolah jebul yang-yangan

Layangan pedhot benange

Yang-yangan karo bojone

Kembang mlathi dironce-ronce

Sing gemati karo bojone

Bayeme diundhuhi

Ayeme ditunggoni Pak Bupati

Bayeme dijangan bening

Ayeme cedhak sing ayu kuning

Bayeme digawe rujak

Ayeme yen diajak

Numpak kebo apa sekuter

Bocah bodho kok ngaku pinter

Tidak ada komentar:

Posting Komentar